Awit saking kajurunging manah, kula cumanthaka ndhèrèk cawé – cawé urun rembag babagan pamarsudining basa, sastra, tuwin aksara Jawa. Blog punika namung kanggé ambantu para siswa anggènipun sami sinau basa Jawi, lan sakpérangan blog punika kaserat mawi aksara Jawi gagrak Sriwedarèn lan gagrak KBJ – Malang, wondéné tata gelar panulising latin basa Jawi kajumbuhaken kaliyan ejaan basa Jawi aksara Latin wedalan Balai Pustaka Yogyakarta edisi revisi taun 2006.
ok bilih sakmangké pinanggih samukawis ingkang taksih rinaos kirang anjangkepi menggahing materi ingkang gegayutan kaliyan kurikulum ingkang lumampah, awit saking punika panyaruwé para winasis lan para pamaos tansah kula antu – antu. Ing wasana mugi – mugi blog punika wonten ginanipun tumrap para kadang dwija langkung – langkung tumrap para siswa.
Nuwun.
Adil Dwi Hantoro, S.Pd.